TEDHAK SITEN

Tedhak sitèn utawa tedhak siti iku salah siji upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 wulan. Upacara iki ing dhaérah liya ing Nuswantara uga ana, contoné sing diarani upacara injak tanah ing dhaérah Jakarta déning suku Betawi utawa uga ana sing ngarani mudhun lemah.
Tedhak sitèn iku asalé saka tembung tedhak utawa idhak lan sitèn (saka tembung siti) utawa lemah (bumi). Upacara iki kanggo perlambang bocah sing siap-siap njalani urip liwat tuntunan wong tuwa lan diselenggarakaké yèn umur bocah wis 7 selapan utawa 245 dina 
Miturut sejarahipun, tedhak siten gadah katah makna. Ing jaman masyarakat kuno uripe masyarakat dereng ngenal “baby sitter”, saenggo kangge masyarakat ingkang ngasuh putranipun lajeng wong tuwane dhewe-dhewe. Upacara tedhak siten iku saged diarani simbol ingkang isinipun peringatan-peringatan kangge para wong tua manawi bocah balita ingkang masa-masa kasebut ingkang proses belajar mlaku.


Perlengkapan upacara

1.     Kurungan ayam. Digunaake kangge simbol manawi si balita sampun saged metu saka gendongan wong tuwane lan bebas mlaku sakarepe dhewe.
2.     Kembang pitung rupa maknane yaiku bocah mau sampun saged mlaku dhewe. Bocah kae arep nggawe keharuman kangge awake dhewe, wong tuwa, lan masyarakat
3.     Tigan. Mangke tigan menika badhe diidek nang bocahipun. Manawi sang bocah saged mecahake, berarti bocah mau sampun gadhah kekuwatan kangge mlaku lan nyangga awake.
4.     Jajanan pasar. Mangkene jajanan pasar badhe dibagi-bagiaken marang tamu ingkang rawuh. Harapane supados anak saged bermanfaat kangge lingkungane.

 Urutan prosesi
  • Tedhak sega pitung warna
  • Mudhun tangga tebu
  • Ceker-ceker
  • Kurungan
  • Sebar udik-udik
  • Siraman

Komentar