Pidato Bahasa Jawa II


Pidato ini tugas dari guru bahasa Jawa gue namanya Pak Rizal. Sebenernya temanya bebas sih tapi gue milihnya tema Hari Pendidikan Nasional. Semoga bermanfaat.................

Assalamu’alaikum Wr.Wb
Bapak/ibu ingkang kinurmatan
Kanca-kanca ingkang kula tresnani   
Monggo sesarengan ngaturaken puji syukur dhumateng Alloh SWT ingkang sampun paring kasarasan, kanikmatan, lan keslametan kangge kita sedaya saenggo kita saged kempal wonten mriki wonten adicara Dinten Pendidikan Nasional. Maturnuwun kangge para rawuh ingkang sampun nglodongaken wekdal lan kersa rawuh ing adicara menika.
Tanggal 2 Mei menika dimangeti dados Dinten Pendidikan Nasional. Mugi-mugi ing dinten menika kita sedaya saged terus majukaken pendidikan Indonesia. Kula lan panjenengan niku pelajar, pelajar tugase inggih menika sinau kangge madosi ilmu, kangge nggolet kepinteran ingkang migunani kangge masa depan.
Pendidikan iku gunane penting banget. Masa depan saben wong ditentukaken pendidikane. Manawi saben wong nggadahi pendidikan lan ilmu ingkang sae insya Alloh masa depane terjamin. Kanca-kanca ingkang saged ngraosaken pendidikane ngantos SMA kedah bersyukur, amargit teksih katah tiyang seumuran kita mboten saged sekolah amargi kurang biaya. Kita sedaya sinau kedah tenanan, ampun nyepelekaken pelajaran supados ilmu ingkang kita gayuh saged migunani. Nah kita kedah bersyukur lan tenanan manawi nuntut ilmu.
Saking ingkang kula aturaken, kula ngarepaken kanca-kanca sedaya kangge mangeti Dinten Pendidikan Nasional yaiku sinau ingkang bener, mujudake cita-cita lan saged ndamel bangsa ingkang berpendidikan, berilmu, lan berkatakter.
Cekap sementen atur saking kula, mbok bilih wonten kalepatan kula nyuwun pangapunten lan agunging pangaksami.
Wassalamu’alaikum Wr.Wb

Komentar